Jumat, 24 Mei 2019

Es Drop Legendaris





Blitar salah sijining kutha ana ing Jawa Timur. Blitar dipercaya dumadi saka frasa bali dadi latar. Blitar gadhahi pangangan tradisional, salah sijining yaiku es drop. Es drop, jajanan tradisional sing iseh ana lan digoleki nganti saiki. 
Es drop utawa bisa diarani es lilin iki dadi salah sijining es sing legendaris ana ing tlatah Blitar. Jajanan taun 90an iki uwis ana wiwit jaman Belanda. Es drop sing paling legendaris yaiku es drop "Cap Burung Bebet". Pabrik es drop "Cap Burung Bebet" iki dudu pabrik sing gedhe, amung omah sing manggon ning Jl. Anggrek No. 49 Blitar. Pabrik iki diurus karo generasi ketelu saking pendiri usaha es drop iki, yaiku Sinta Puspitawati. Sinta ngurus usaha iki bebarengan karo kluarga gedhene.
Es drop yaiku jajanan sing digawe saka gula Jawa lan santen. Banjur dibentuk kothak lan diwenehi sunduk. Bentuke persis karo es jaman saiki, sing gawe bedo es drop ora dibungkus nganggo plastik nanging nganggo kertas sing bagian dhuwur lan ngisor sing kebuka.
Es drop duweni maneka rasa, kayata soklat susu, kacang ijo, duren, frambozen lan puding. Sing gawe es drop beda karo es liyane yaiku duweni rasa lan cara bakulane. Es drop ora didol ana ing toko, nanging didol kanthi cara mubeng lan dideleh ana ing jero termos sing wernane abang utawa soklat tuwa. 

 
https://www.youtube.com/watch?v=dbQ1zNgE9bg#action=share 




 

14 komentar:

  1. Terimakasih kak, sangat bermanfaat sekali

    BalasHapus
  2. elehhhelehhh swegerrrr neng 😅

    BalasHapus
  3. sepertinya seger sekali kak esnya, terimakasih atas infonya!

    BalasHapus
  4. Balasan
    1. Segar betul ka.. Main Blitar dan cobain sensasinya

      Hapus
  5. Beli es nya kak, buat Mokah besok boleh, abisnya menggoda bets... Kemecer akutuhhh :D

    BalasHapus
  6. Bagus kak, ditunggu karya selanjutnya. Sukses terus 👍

    BalasHapus
  7. Matur nuwun bermanfaat sanget :)

    BalasHapus
  8. Bagus, lanjutkan untuk memberi informasi lain 👍

    BalasHapus
  9. Keren materinya buat nambah pengetahuan 😍

    BalasHapus
  10. Wah kalo ke blitar wajib nih nyoba minuman khasnya nih alias es drop blitar hehe

    BalasHapus